Rabu, 10 Februari 2010

Ibadat Jumat I
Bulan Februari 2010
@ Lagu Pambuka :
@ Tanda Salib
P : Konjuk ing asma Dalem Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci
U : Amin
P : Mugi sih nugraha Dalem Gusti Yesus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama lan Hyang Roh Suci tansah manunggala.
U: Kaliyan kula sadaya

Sr, Bapak Ibu Guru lan bocah-bocah kang kinasih ing Gusti. Kaya pradatan saben Jumat minggu kapisan kita pada ngumpul lan ngibadah, caos pakurmatan kanggo Tyas Dalem Gusti Yesus. Dina iki kita diajak ngeling-eling tresnane Gusti kang tanpa wates. Gusti nganti ngasoraken diri, lan ngurbanake diri, seda sinalib kanggo nglabuhi dosane manungsa.
Sakdurunge kita podho mirengake Sabda Dalem, kita kabeh cecawis ati sing resik, lan kita yakin ora ono cara kang luwih becik kajaba ngasorake dhiri pribadi ono ing ngarso dalem Gusti. Mula ayo padha lerem sawetara, ngeningake cipta lan ngakeni manowo kita wong dosa.

@ Pamratobat
P : Ayo podho ngaturake keduwunging ati ing ngarso dalem Gusti sarana sembahyang Kawula Ngakeni
U : Kawula ngakeni, ingarsaning Allah ingkang Mahakuwasa, tuwin para sedherek sadaya, bilih kawula sampun nglampahi dosa, srana gagasan, tetembungan, tindak tanduk tuwin margi nglirwakaken kuwajiban, awit saking lepat kawula, saking lepat kawula, saking genging lepat kawula.
Pramila kawula nyuwun, ingarsanipun Ibu Kenya Maria, para malaekat tuwin para suci, sarta para sedherek sadaya, karsaa nyenyuwunaken ingarsaning Allah Pangeran kawula.

P : Mugi Allah ingkang Mahakuwasa, karsaa paring palimirma, lan pangapuntening dosa, sarta nuntun kita dhateng gesang langgeng.
U : Amin


Ayo kita padha sembahyang sembahyangan enjing bebarengan.

@ Sembahyangan Enjing
Allah lan Rama kawula, kawula matur nuwun sanget ing ngarsa Dalem, dene sampun kaparingan dinten enggal ing samangke menika. Mugi Gusti kersaa paring pitados ingkang tumanggap, pangajeng-ajeng ingkang kiyat, lan katresnan eklas tanpa pamrih. Mugi-mugi sadaya tetembungan tuwin padamelan ndadosaken renaning panggalih Dalem.
Kawula nyuwun katuntun sarana Roh Dalem, supados kawula ing satindak-tanduk saya ngemperi Gusti Sang Kristus, Putra Dalem. Kawula aturi mberkahi kulowarga kawula lan sadaya tiyang ingkang ing dinten menika kepanggih kaliyan kawula. Mugi kawula sageda ngetingalaken manah sae ing pasrawungan, kados dene Gusti ugi sae ing penggalih kaliyan sadaya tiyang. Kawula badhe ngudi saged nampi bingah, lan susah kanthi tatag ing manah. Dewi Maria, Ibu Dalem Sang Kristus, kawula aturi ngayomi ingkang abdi, putraning Ibu. Mugi linuhurna Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

@ Sembahyangan Pambuka
Dhuh Gusti ingkang Mahakuwasa, sabda dalem ingkang sampun Paduka tedahaken dhateng sadaya tiyang lan ugi sadaya tiyang badhe Paduka damel umat kinasih, kawula sadaya nyuwun kaluwarna saking ati ingkang mbegegeg, saenggo kawula sadoyo pantes katampi dados umat pinilih wonten ing kraton dalem. Lumantar Sang Kristus Gusti Kawula, kawula sampun ndedonga. Amin.

Para kadang kinasih, sumangga kita padha nyawisake ati kanggo mirengake sabda Dalem Gusti.

@ Waosan Injil Lukas 5:1-11

@ Homili
Thema : Sanadyan Asor, Kaagem Dening Gusti

Bocah-bocah kang dak tresnani, aku arep crita. Bocah-bocah mirengke nggih? Mengko yen dak takoni ben bisa mangsuli.
Ana pawongan kang duwe pakaryan dadi juru kapal (nahkoda, kapten kapal) Pawongan iki misuwur lan kinurmatan. Duwe anak lanang jenenge John Newton, sing lair ing London. Nalika umur 4 taun, John Newton kaya apa sing ditindakake bocah-bocah kabeh yaiku melu sekolah Minggu. Ibune tumemen banget anggone nderek Gusti Yesus, mula si John Newton ya diajari maca Alkitab saben wengi. Malah nalika umur 4 taun mau John Newton wis bisa ngapalke lagu-lagu rohani. Ning emane bocah-bocah, nalika John lagi umur 7 taun, ibune kapundhut dening Gusti. Kira-kira John banjur kepriye ? Mesthine John ya nangis, karo gedro-gedro.
Bocah-bocahku kabeh, nalika John wis ngancik umur 11 taun, dhewekke diajak karo bapane berlayar menyang Mediterania (ngendi kuwi? Pokokke ya Negara manca kana). Kira-kira John bungah apa sedhih? Ya bener, John seneng banget, amarga bisa nyawang lautan lepas, bisa nyawang pemandangan kang sak durunge ora tau weruh. Ananging bocah-bocah, umur 11 taun kuwi umur-umuran kang isih gampang dipengaruhi dening wong liyan. Nalika John kumpul karo para kelasi (pegawe kasar kapal) sing kasar lan bejat morale, John Newton ya katut. Caturane dadi kasar, seneng misuh, ”krama inggile” komplit, lan dadi brangasan. Apa maneh nalika dheweke berlayar ora diamping-ampingi bapane, uripe sang saya rusak sak-sak-sak. Nalika John wis dewasa, dheweke terjerumus ing panggawe kang biadab, yaiku dol tinuku. (Lho dol tinuku kok pakaryan kang biadab) Amarga ora dol tinuku wedhus utawa sapi, ora dol tinuku kain bathik utawa jarik lurik saka Sala, ora dol tinuku laptop, neng dol tinuku apa bocah-bocah, dol tinuku menungsa. Kapale momot menungsa saka negara Afrika, terus digawa menyang Amerika. Ana ing Amerika wong-wong Afrika mau didol, didadekake budhak tukon. Ngerti pa ra bocah-bocah, budhak tukon kuwi ora duwe hak apa-apa. Sanajan lara, ya ra ditambani ben mari, sanajan luwe, ya gumantung bendarane arep menehi sega apa ora. Pokokke budhak tukon mau ditindhes dhes-dhes-dhes. Sanajan John Newton mau wis nerak angger anggere Gusti, wis nglaleake ajaran sekolah Minggu, wis nglalekake Gusti Yesus, ananging Gusti isih tresna marang John. Gusti pirsa kabeh apa sing ditindakake dening John, Gusti ora sare, ora amarga ora kagungan bantal guling. Ning ya amarga Gusti ora kaya manungsa. Ing sawijining dina, John kena musibah, loro, kena virus saka negara Afrika. (kapokmu kapan) Lan konco kancane ora ana sing nggape, dijarno, ”mati ya ben” mbok menawa mengkono pikire kanca kancane. Nalikane arep perjalanan bali menyang negarane, praune kena ombak sing gedhene ngedap-edapi. Wektu iku, banjur dheweke kelingan crita sekolah minggu nabi Yunus, sing mlompat saka prau amarga dadi penyebab praune kena ombak. Ning John ora terus melu mlompat saka praune kaya critane nabi Yunus. John terus kelingan nalika sekolah minggu, menawa Gusti iku asih mirma, Gusti tansah nresnani kabeh wong, sanajan wong mau tumindhak ora bener, sanajan tumindhak dosa. Gusti uga isih nresnani John Newton sanajan tumindake wis ala. John banjur sembahyang, (yen sembahyang kuwi piye bocah-bocah) nyuwun ngapura, nyuwun supaya Gusti kersa ngapurani dosa-dosane. Ringkese crita bocah-bocah, John bisa slamet, rahayu tumeka ing negarane. Lan larane bisa dimarekake. Banjur John mratobat, uripe dipasrahake marang Gusti, banjur dheweke dadi pamulang. Lan lelakon uripe (kisah hidupnya) digawe lelagon kang asesirah (berjudul) Amazing Grace (Ajaib benar anugerah)

Amazing grace how sweet the sound
That saved a wretch like me
I once was lost but now am found
Was blind but now I see

Ajaib benar anugerah pembaru hidupku
Ku hilang buta bercela olehnya ku sembuh

Semono uga apa sing kalampahan dening para muride Yesus ing waosan mau. Ing Lukas 5:8 kaserat ”Nalika Simon nyumurupi kang mengkono iku, banjur nyumkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk;”Gusti, Paduka mugi kersaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”
Ananing piye pangandikane Gusti,”Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”
Kanggo bocah-bocah kabeh, nalika bocah-bocah tumindak dosa, tumindak salah, aja malah ndelik, aja malah nilar Gusti. Gusti kuwi welas asih marang bocah-bocah kabeh, Gusti tansah nresnani kita. Sanajan dosane dhewe abang branang kaya dubang, ananing Gusti badhe nebus dosa kita lan dadi resik, putih kaya salju. Gusti Mberkahi !

@ Panyuwunan Umat

P. Ayo padha ngaturake panyuwunan ing ngarsa Dalem Allah kang Mahakuwasa.

1. Gusti kawula Sri Yesus Kristus, paduka sampun ngendika “ Pada nyuwuna, lan mesti bakal kaparingan, ngupayaa lan bakal nemu, thothok thothoka lan bakal diwengoni kori”. Kawula sami ngasih-asih , nyuwun rentahing kawelasan, mugi kawula sageda tresna ing Panjenengan Dalem terus ing manah, supados katingal ing tembung tuwin lampah kawula, lan nyuwun supados sampun ngantos kendhat-kendhat angluhuraken asma Dalem. Kawula nyuwun ……( Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.)

2. Dhuh Gusti Mugi kersaa ngampi-ngampingi kawula sadaya kulowargo ageng SMP Marsudirini St. Theresia, amrih samia makarya sesarengan ngrawuhaken kraton Dalem. Kawula nyuwun …( Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.)

3. Dhuh Gusti, kawula para siswa ingkang sekeng, kacingkrangan lan kathah kekirangan, wonten ing gesang padintenan kawula asring damel gerahing penggalih Dalem, tindak tanduk kawula mboten saemper kaliyan kersa dalem. Mugi Roh kekiyatan, roh semangat ingkang panjenengan Dalem cawisaken dhateng kawula saget ngrasuk ing manah, lan kawula sadaya dados putra Dalem ingkang kiyat lan santosa saenggo majeng pasinaon kawula, lan saged guyub rukun wonten ing kulowargo lan masyarakat. Kawula nyuwun ……( Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.)


4. Dhuh Gusti, kawula tansah pasrah dhumateng ngarsaning panjenengan Dalem, mugi Gusti tansah mberkahi sadaya menapa ingkang dados cita-cita kawula lan mugi kaberkahana pasinaonan SMP Marsudirini St. Theresia dados sarono kawula, menggah sukses kawula. Kawula nyuwun ……( Gusti, mugi nyembadanana panyuwun kawula.)
P. Gusti Allah, Rama Mahaasih, kawula sami kumawantun ngaturaken panyuwunan ing ngarsa Dalem, awit Putra Dalem sampun paring pirsa, sapinten gunging katresnan Dalem dhateng kawula. Kawula pitados, Gusti temtu badhe ngabulaken panyuwunan kawula, jer atur panyuwunan kawula wonten ing Gusti Yesus Kristus .

Ayo padha sembahyang Rama Kawula.

RAMA KAWULA
Rama kawula ing swarga, Asma Dalem kaluhurna. Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados ing swarga.
Kawula nyuwun rejeki kangge samenika. Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami.
Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.

Ibu Maria ibu Dalem Sang Kristus, kersaa paring pangayoman lan ngampingi kawula ing salampah lan ing tindak tanduk kawula.

SEMBAH BEKTI
Sembah bekti kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah. Pangeran nunggil ing panjenengan dalem. Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus.
Dewi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem, samangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin.


@ Sembahyangan Panutup
Dhuh Rama Mahaasih, kawula munjuk sembah sewu nuwun karana sabda dalem, kawula pitados dhateng sadaya kasunyatan. Bilih Panjenengan Dalem paring ganjaran dhumatateng ingkang tumindak sae. Mugi kawula saged ndherek nuladha Gusti Yesus ingkang lembah ing panggalih saha andhap asor. Kabucalo sadaya ingkang mboten leres wonten ing kawula. Satemah kawula saged nindakaken jejibahan ing sadinten-dinten kanthi sae. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin


Para kadang kinasih ing Gusti. Ibadat jumat kapisan sampun rampung, sumangga kita sami nyuwun berkah Dalem.


@ Nyuwun Berkah

P : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
P : Mugi kita sadaya saha sinten kemawon ingkang kita tresnani, tansah linuberan ing berkah Dalem Allah ingkang Mahakuwasa Hyang Rama saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
U : Amin


3 komentar: